Sabda pandhita ratu sepisan dadi tan kena wola-wali…
Sabdaning pandhita lan nata, yen wis dadi pangandika, ora kena dibaleni maneh.
Awit saben tembung kang medal saka lathi pemimpin, tansah nggawa akibat kang ora entheng.

Mulane para satriya utama ora kena sembarangan guneman.
Sadurunge tembung dadi pangucap,
kudu diukur nganggo budi,
ditimbang nganggo rasa,
lan dipikir nganggo kawicaksanan kang bening.
Awit wong lumrah yen kliru gunem,
bebane mung tumrap dheweke,
utawa mung gawe rubeda marang sawatara wong.
Nanging yen wong agung kang kliru pangandika,
bisa gonjang-ganjing sak negara,
bisa ngrusak kapitayan rakyat,
lan bisa ngowahi tentrem dadi reribed.
Mula dadi pemimpin,
dadi satriya utama,
iku dudu mung prakara nggayuh kamulyan lan pakurmatan.
Nanging uga nyandhang beban kang abot,
beban kanggo njaga rakyat,
njaga negara,
lan njaga saben sabda kang wis kadung kawedhar.
Awit jejeging negara kerep gumantung marang becik lan orane pangucaping pemimpine.
Yen sabdane kebak kawicaksanan, rakyat bisa tentrem.
Nanging yen pangandikane kebak nesu lan pamrih,
negara bisa katerak bebendu.
Sabda seorang pendeta dan raja, tidak bakal dapat diralat, sekali jadi. Oleh karena konsekuensi yang sangat berat itu, para kesatria tidak boleh sembarangan berkata. Sebelum kata menjadi lisan harus diukur dengan budi, ditimbang dengan rasa, dipikir dengan kebijaksanaan.
Jika orang biasa, bebannya hanya untuk dirinya, jika salah mungkin hanya terkena dirinya atau beberapa orang. Akan tetapi jika pembesar yang salah berbicara, bisa bermasalah seluruh negara.
Oleh karena itu, menjadi pemimpin, seorang kesatria utama, bukan hanya akan memperoleh kemuliaan dan kehormatan, melainkan juga memikul beban yang berat. Tegaknya negara akan tergantung pada kata-katanya. [z]